Lirik Lagu Bojo Galak (Pendhoza)
"wis nasibe kudu koyo ngene
nduwe bojo kok ra tau ngapenake seneng muring, omongane sengak kudu tak trimo, bojoku pancen galak
saben dino rasane ora karuan ngerasake bojoku sing ra tau perhatian nanging piye maneh atiku wes kadung tresno senajan batinku ngampet ono njero dada
yo wes ben nduwe bojo sing galak yo wes ben sing omongane sengak seneng nggawe aku susah nanging aku wegah pisah
tak tompo nganggo tulus ing ati tak trimo sliramu tekan saiki mungkin wes dadi jodone senajan kahanane koyo ngene
sungguh keterlaluan bojoku sing saiki kliru sitik wae aku mesti diseneni ameh dolan ro konco kok ora diolehke senenange nuduh dikira lungo ro liyane
yen wes ngono aku mung bisa meneng tak jelasno malah mung nggawe kowe sepaneng di matamu aku iki ora tau bener kabeh mbok salahno, rumangsa wes paling pinter
yo wes ben nduwe bojo sing galak yo wes ben sing omongane sengak seneng nggawe aku susah nanging aku wegah pisah
tak tompo nganggo tulus ing ati tak trimo sliramu tekan saiki mungkin wes dadi jodone senajan kahanane koyo ngene
ibarate dele sing uwis dadi tempe kudu tak lakoni yen pancen ngene dalane abote nduwe bojo sing galak lek ra keturutan senengane mencak-mencak
ra usah digetuni aku kudu kuat ati nganti tekan mati sliramu tetep nang ati distel kendo wae, tak nikmati uripe senajane galak bojoku pancen sing ayu dhewe
kuat dilakoni, lek ra kuat ditinggal ngopi tetep cinta senajan bojoku galak
yo wes ben nduwe bojo sing galak yo wes ben sing omongane sengak seneng nggawe aku susah nanging aku wegah pisah
tak tompo nganggo tulus ing ati tak trimo sliramu tekan saiki mungkin wes dadi jodone senajan kahanane koyo ngene
yo wes ben nduwe bojo sing galak yo wes ben sing omongane sengak seneng nggawe aku susah nanging aku wegah pisah
tak tompo nganggo tulus ing ati tak trimo sliramu tekan saiki mungkin wes dadi jodone senajan kahanane koyo ngene"